Unggah-Ungguhing Basa Jawa
Unggah-ungguhing basa Jawa, yaiku pranataning basa manut lungguhing tata
krama. Tata krama, yaiku samubarang kang ana sambung rapete karo wong
lagi ngomong supaya runtut anut paugeraning paramasastra.
Supaya jumbuh/trep karo unggah-ungguhing basa Jawa, mula menawa sesrawungan karo wong liya kudu:
1. Basane netebi pranataning subasita
2. Manut paugeran tata susila
3. Basane gawe reseping ati
Basa Jawa iku duwe unggah-ungguh basa, yaiku sing mbedakake basa Jawa
karo basa liyane kang dianggo pasrawungan manungsa. Dene cak-cakane
nganggo wewaton ing antarane:
1. Umur
Sing enom ngurmati sing tuwa
2. Peprenahan
Adhi ngurmati marang kangmas/mbakyu
Anak ngurmati bapa lan biyung
3. Drajat pangkat
Murid ngurmati marang gurune.
Pegawe ngurmati marang pangarsane.
4. Drajat semat
Ngurmati wong sing sugih, lemahe amba, lan sapanunggalane.
5. Trah
Ngurmati merga tedhak turune wongluhur, trahing kusuma rembesing madu.
6. Luhuring pribadi
Sarjana, pahlawan, ulama, lan sapanunggalane
7. Tepungan anyar/durung kulina, adakane luwih diajeni
Unggah-ungguh basa Jawa iku werna-werna. Miturut Ki Padmosoesastra,
unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi enem, dene miturut Sudarto
kaperang dadi loro. Perangan iku kaya ing ngisor iki.
1. Miturut Ki Padmosoesastra
a. Basa ngoko
Basa ngoko kaperang dadi:
1) Ngoko lugu
2) Ngoko andhap:
- Antya basa
- Basa antya
b. Basa krama
Basa krama kaperang dadi:
1) Wredha krama
2) Madya krama
3) Madyantara
c. Krama desa
d. Krama inggil
e. Basa kedhaton
f. Basa kasar
2. Miturut Sudarto
a. Basa ngoko
1) Ngoko Lugu
2) Ngoko Alus
b. Basa krama
1) Krama Lugu
2) Krama Alus
Undha-usuk basa utawa unggah-ungguh basa kang dianggo ing jaman saiki
migunakake peprincene (pembagian) miturut Sudarto, yaiku basa ngoko
(ngoko lugu lan ngoko alus) lan basa krama (krama lugu lan krama alus).
Ing ngisor iki andharan sawetara basa ngoko. Dene andharan basa krama
kababar ana ing wektu candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar