Ayo Sinau Basa Jawa

Selasa, 14 Januari 2014

Rawa Pening



Rawa Pening

http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/e2/Rawa_Pening_Central_Java.jpg/220px-Rawa_Pening_Central_Java.jpg

Rawa Pening ("pening" asal saka tembung "bening") iku tlaga sekaligus papan panggonan wisata banyu ing Kabupatèn Semarang, Jawa Tengah, Indonésia. Kanthi jembar 2.670 hèktar rawa iki nyakup wilayah Kecamatan Ambarawa, Bawèn, Tuntang, lan Banyubiru. Rawa Pening dumunung ing cekungan paling cendhèk ing pèrèng Gunung Merbabu, Gunung Telamaya, lan Gunung Ungaran. Rawa Pening iku tuwuh dadi papan pariwisata banyu arupa pemancingan lan olahraga banyu. Tlaga iki akèh dituwuhi tanduran gulma arupa ècèng gondhok, saéngga nyebabaké saya suwé tansaya cethèk lan rakyat saubengé dadi kakurangan sumber panguripan saka pakaryan golèk iwak. Jroning rapat revitalisasi Rawa Pening sing dianakaké Kamentrian Lingkungan Urip, nyebutaké yèn eneban ing tlaga iki saben dina ngancik 270-880 kilogram, lan 70 persèn saka tlaga sing jembaré 2.500 hèktar iku saiki ditutupi tanduran banyu ècèng lan volume banyu uga wis kurang nganti 30 persèn. Saka tlaga iki mili Kali Tuntang sing mili ngliwati Ambarawa lan Salatiga.












Tidak ada komentar:

Posting Komentar