Cerita
iki wis dumadi, kira-kira telung taun kepungkur. Jenengku Annisa, nalika aku
isih lungguh ana ing kelas siji SMA.
Biyen aku sekolah ing SMA empat belas Semarang, sekolah kuwi biasane diceluk
sekolah pinggir laut, ya pancen sekolahku kuwi cedhak laut marina Semarang.
Nalika pembagian kelas, jenengku diundang supaya ngerti aku mlebu ana ing kelas
ngendi, jebulane aku mlebu ana ing kelas sepuluh loro. Pas kuwi aku dhewekan,
kanca-kancaku sing bareng karo aku SMPne padha beda kelase. Delalah aku lungguh
ana ing ngarep dhewe, mlinguk kiwo tengenku karo mbatin, jan pancen ora ana
sing tak kenal. Ana bocah wadon jenenge Aisyah lungguh jejeri aku,ngajak
kenalan, bocahe manis, putih,jilbaban, nanging pendek.
Wis
suwe kira-kira sak semester suwine aku dadi bocah kelas siji SMA, saya akrab
aku karo aisyah anggone kekancan, ya saiki wis bisa di jenengi sahabat. Aku iya
wis mulai naksir karo kanca sekelasku, jenenge sapto. Bocahe pinter, gedhi
dhuwur, lan lucu. Emboh aku ya bingung kok aku bisa seneng mmarang dheweke. Tak
perloke curhat karo aisyah, apa sing lagi tak rasake iki.
“ais,
aku arep ngomong karo kowe, nanging kowe janji marang aku, aja sekali-kali kowe
ngomong bab iki karo wong liya ya ?”
“iya
nis, sak jane kowe arep ngomong apa marang aku?”
“nanging
kowe aja ngguyu lho ya, ngene is, aku iki akhir-akhir iki sering mbayangke
sapto, kayane aku seneng marang dheweke.”
“hahaha,
bocah elek, kuprus kaya ngono kuwi mbok senengi ?, apane ta sing mbok bayangke?
Wong ora ana apik-apike kok.”
Krungu
jawabane aisyah kaya ngono, kok aku dadi piye ngono. Nanging ora tak pikir
banget omongane aisyah kuwi, aku tetep seneng karo sapto. Ing sijine dina, tak
wanike aku ngajak ngomong sapto, sanajan mung etok-etok takon masalah
pelajaran, nanging aku jane tetep isin angger arep ngomong karo dheweke.
Delalah kancaku sing jenenge adit, ngajak aku lan liyane nggarap tugas bareng,
ana sapto barang, wah iki kayane kesempatan tenan kanggo aku. Ana ing omahe
kancaku kuwi, aku lan liyane nggarap tugas bebarengan, anggere aku ora bisa
mangsuli pitakonan, aku takon marang sapto, lan dheweke gelem ngajari aku
kanthi sabar.
Saya
suwe aku karo sapto wis saya akrab, kaya aku karo aisyah. Ing salah ijine dina,
sapto curhat karo aku.
“nis,
aku kepengin cerita karo kowe, nanging aja kaget ya.”
“cerita
apa ta sap?” aku mangsuli.
“aku
isin jane, aku iki seneng karo cah wedok ing kelase dhewe, aku cerita kaya
ngene supaya kowe gelem nulungi aku, nyedakke aku karo cah wedok kuwi.”
“(degdegan,
karo kuciwa). Oalah kuwi ta, emange sapa cah wedok sinig mbok senengi kuwi sap
?”
“wonge
ora adoh kok saka kowe, malah cedhak banget. Ya aisyah nis,hehe”
Ngerti
yen sapto jebulane seneng karo aisyah, rasane awakku iki entheng banget, kaya
wong sing arep semaput, jantunge degdegan, rasane eluh iki arep netes, karo
mbatin,
“gusti,
jebulane rasane kaya ngene ya, ora dinyana yen wong sing tak taksir selama iki,
malah senenge karo sahabatku dhewe, sanajan aisyah kuwi durung duwe rasa
apa-apa karo sapto, ya bisa diomong malah ora seneng blas, nanging aku iki ora
sanggup yen pancen sapto kudu seneng karo aisyah, ora sanggup gusti.”
Sanajan
sapto kuwi ya kalebu sahabatku dhewe, nanging sekaligus ya wong sing tak
tresnani, aku ora penak yen aku ora nulungi dheweke, aku ya ora gelem sapto
ngerti yen aku iki jebulane nyimpen rasa tresna marang dheweke, aku wedi yen
dheweke nesu lan ngadohi aku, aku ra gelem. Mending aku lara ati, ketimbang aku
ditinggal wong sing tak tresnani, sanajan tresnane deknen pancen dudu kanggo
aku.
Alon-alon
anggonku nyedakake sapto karo aisyah, aku kudu sabar, lan nrima kasunyatan iki.
Sanajan lara ati, nanging aku ora duwe pilihan maneh. Angger ana tugas
kelompok, aku ngajak aisyah, supaya dheweke melu tumut. Saya suwe aisyah karo
sapto saya cedhak, nanging aisyah ora crita marang aku, apa dheweke kuwi seneng
karo sapto apa ora. Nganti tak wanike aku ngomong sing sak benere karo aisyah,
nanging aku arep takon dhisik, piye rasane deknen cedhak karo sapto.
“jebulane
sapto pinter tenan ya is, angger gawe tugas kelompok, dheweke gelem ngajari
dhewe,”
“iya,
nis bener omonganmu, aku ya dadi tambah mudeng nalika mangsuli pitakonan sing
angel.”
“mudeng
apa seneng, hayooo ?”
“Maksudmu
apa to nis, kok ngomong kaya ngono ?”
“lho,
emange awakmu ora seneng karo sapto ta is?”
“seneng
kepiye ta?” aku jan ora mudeng sing mbok maksud.”
“ngene
lho is, sak jane sapto kuwi seneng karo kowe, nanging dheweke isin arep ngomong
karo kowe.”
“lhoh,
kok bisa seneng karo aku?kudune kan karo kowe?” oraklah nis, aku ora seneng kok
karo sapto.”
Saka wangsulane aisyah kuwi, aku nyimpulke
yen aisyah pancen ora ana rasa apa-apamarang sapto, nanging aku ya ora wani
ngomong sing sak benere karo sapto, wedi yen dheweke patah hati, tresnane
durung bisa dibales karo aisyah. Aku tetep usaha nyedakake aisyah karo sapto,
nganti aku ngomong karo sapto yen dheweke kudu nembak aisyah saiki, supaya
aisyah ngandhel yen sapto pancen seneng karo dheweke.
Ing salah sijine dina, sapto wani nembak
aisyah, nanging jebulane ora di tampa, sapto cerita karo aku, dheweke ing kelas
ketok lesu, sedhih wajahe, ora semangat kaya biasane. Aku melu sedhih yen sapto
kaya ngono. Ora tak takoni, aisyah cerita langsung yen dheweke ditembak karo
sapto, nanging ora di tampa, alesane aisyah pancen dheweke durung duwe rasa
apa-apa marang sapto, bejoku aisyah ora ngomong karo sapto yen aku seneng
marang dheweke. Sanajan aisyah ora seneng karo sapto, nanging saya suwe dheweke
krasa mesake, lan crita karo aku,
“sapto kok beda ya nis saiki ? apa
gara-gara ora tak tampa dadi kaya ngono?”
“ya
mungkin ta is, kowe uga bisa ndelok dhewe, piye tresnane sapto karo awakmu,
nganti deknen kaya ngono saiki.”
“iya
nis aku ngerti, aku ya mikir omongan-omonganmu slama iki, aku tak sinau ben aku
uga bisa tresna marang dheweke, nanging ya ora saka paksaan.”
Ora suwe aisyah wis bisa
buka atine kanggo sapto. Sithik-sithik aisyah wis bisa nrima yen sapto seneng
marang dheweke. Aku ya wis mulai bisa nglalike sapto saka atiku iki, tresnaku
marang sapto wis ora kaya biyen maneh, ya mungkin gara-gara iki. Akhire sapto
karo aisyah wis pacaran, nanging ya tetep wae isih isin-isinan, kudu aku sing bisa
nyedake. Nanging hubungane sapto karo aisyah ora suwe, mung telung wulan. Aku
ora ngerti pasti apa sing gawe sapto karo aisyah putus hubungane. Jarene sapto
aisyah isih kaya cah cilik, ora bisa serius.
Aku
melu sedhih yen aisyah ya sedhih ngene, aku ora ngerti yen sahabatku ya akhire
bisa tresna tenanan karo sapto, nanging malah sapto sing wis beda, wis ora ana
rasa apa-apa maneh marang aisyah.
Akhire, unggah-unggahan
kelas wis bar, wektune preinan, nanging aku ora seneng, amarga ora bisa ketemu
kanca-kanca sekelas, lan urung temtu bisa sakelas maneh, amarga jurusane
beda-beda. Nanging aku, sapto karo aisyah milih jurusan sing padha yaiku IPS.
Suwene preinan kuwi rung minggu, ya kala-kala aku dolan wong loro karo sapto,
kala-kala ya bareng karo liyane. Nganti ing salah sijine dina, ora dinyana,
sapto ngungkapke tresnane marang aku,
“nis,emboh aku iki kok
bisa seneng karo awakmu, sanajan awake dhewe iki mung dadi sahabat slama iki,
nanging kowe sing mesthi ama kanggo aku, aku ngrasa salah, napa aku awit biyen
ora nembak awakmu.”
“lhoh maksudte apa sap
kowe ngomong kaya mangkono?”
“aku iki tresna marang
sliramu nis, kowe aja salah paham dhisik, aku ngerti nis, kowe karo aisyah
sahabatan, aku ya mantane aisyah, aku ngerti mesthi kowe ngrasa ora kepenak
marang aisyah yen kowe pacaran karo aku.”
Aku pancen ora mangsuli
iya apa ora omongane sapto mau, aku prelu wektu, aku perlu mikir iki kabeh
pantes apa ora, yen aku iki akhire pacaran karo sapto yen ngilingi aisyah kuwi
sahabatku dhewe. Nanging aku kelingan yen aku sing pertama seneng karo sapto,
nanging wektu kuwi tresnaku ora ketampa. Malah rasaku marang sapto kae balik
maneh, aku tresna maneh karo dheweke, aku ora bisa nahan yen aku kudu nrima
dheweke,
“iya sap, aku nrima
awakmu dadi pacarku, nanging awakmu aja sekali-sekali kandha karo aisyah
babagan iki, ben aku waw sing ngomong, nanging ya butuh wektu sing pas, supaya
ora salah paham.”
“iya nis, maturnuwun
awakmu gelem sesandhingan karo aku, aku janji bakal nuruti apa sing dadi
panjalukmu kuwi.”
Aku pancen ora bisa
suwi-suwi nyimpen iki kabeh saka aisyah. Meneng- meneng, ora sak pangertine
sapto, aku ngomong karo aisyah yen aku karo sapto pancen wis pacaran. Maune
aisyah biasa wae, dheweke ora nesu ora apa,mung nylameti wae. Nanging sapto
menehi aku ngerti yen aisyah sms dheweke kaya ngene,
“kowe kok tegel men karo
aku sap?aku wis ngerti saiki, brati slama iki kowe pacaran karo aku mung kanggo
nutupi tresnamu marang annisa, iya ta?”
“ora kaya ngono kuwi is
maksudte, aku tresna tenan marang annisa, aku ora dolanan, aku bakal buktike
yen aku bisa serius marang dheweke, lan hubunganku iki bisa suwe nganti mengko
arep munggah ana ing jenjang rumah tangga.
Ya muga-muga apa sing
diomongke sapto kuwi bener, muga-muga hubunganku iki karo sapto bakal sateruse,
amin.