Ayo Sinau Basa Jawa

Selasa, 14 Januari 2014

sinau gawe layang



Layang
Layang iku umumé arupa dluwang sing tinulisan dikirimaké minangka gantiné rerembugan. Ananging layang uga bisa ateges buku sing ngamot crita lan sapanunggalané.
Warna-warnane layang:
  • Layang biwara.
  • Layang Iber-iber (Layang Kiriman).
  • Layang Dhawuh.
  • Layang Ulem.
  • Layang Lelayu,
  • Layang Pribadi lan sapanunggalané.
Perangané layang
1. Papan panggonan lan titi mangsa, mratélaké papan kutha lan titi wanci panulisé layang.
2. Adangiyah (adawiyah). Mratélaké unggah-ungguhing basa paprenahé kang kirim layang marang kang arep dikirimi layang, marang kanca sedulur sapantaran, utawa marang kaprenah tuwa, umpamané pakdhé budhé.
3. Pambuka (bebuka). Karepe kanggo mbukak utawa miwiti layang. Ing padatan anelakaké awèh atur kabar kaslametan kasarasan lan katentreman.
4. Isi (surasa basa). Mratélaké apa sajatiné isi layang.
5. Panutup (wasana basa). Panutup isi adaté pangajap , pangarep arep kang ana gegayutan karo isi layang.
6. Titi mangsa (titi wanci).
7. Peprenahan. Paprenahan iki karepe katulis ing layang marang kang dikirimi layang.
8. Tapak asma.
Adangiyah nelakake , unggah-ungguhing layang.
1. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa, utawa menyang sapadha-padha kang perlu diajeni.
2. Salam taklim, marang sedulur enom, utawa menyang sapepadhané.
3. Ingkang salam, marang sedulur enom kang perlu diajeni, amarga pangkaté luwih dhuwur.
4. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang wong enom kang diajeni.
5. Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang anak putune dhewe utawa sing karengkuh kaya anaké dhéwé.
 6. Ingkang sembah, saka wong cilik marang para luhur, nadyan pangkate padha.
7. Ingkang sembah sungkem, saka wong enom marang sesepuh (simbah) utawa para luhur.
8. Ingkang sembah pangabekti, saka wong enom marang wong tuwané dhéwé, umpamane :   Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon marang kakunge.
9. Ingkang pangabekti, marang wong tuwa kang diajeni (dibekteni), umpamané : marang ipene kang kaprenah tuwa.
10. Sembah sujud, saka kawula marang Gustine Pamuji, umpamane : karengga sagunging kaurmatan, Karengga sagunging pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja, lan sapituruté. Iku kabeh, satemene mung owah-owahan saka kang kasebut ing dhuwur mau. Amarga ana pakèwuhé anggoné arep nandukaké unggah-ungguh.

















Tidak ada komentar:

Posting Komentar