Ayo Sinau Basa Jawa

Selasa, 14 Januari 2014

grojogan sewu



Grojogan Sèwu
http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/0d/GrojoganSewu.jpg/250px-GrojoganSewu.jpg
http://bits.wikimedia.org/static-1.23wmf8/skins/common/images/magnify-clip.png
Grojogan Sèwu kalebu salah siji curug ing Jawa Tengah. Grojogan Sèwu manggon ing Tawangmangu, Kabupatèn Karanganyar, Jawa Tengah. Curug Grojogan Sèwu manggon ing lèrèng Gunung Lawu. Grojogan Sèwu manggon kurang luwih 27 km ing sisih timur Kutha Karanganyar. Curug Grojogan Sewu kalebu bageyan saka Hutan Wisata Grojogan Sèwu.
Grojogan Sèwu tegesè curug sèwu, sanajan curug ing Grojogan Sèwu cacahè ora ana sèwu, ananging ana akèh titik curug kang bisa dideleng ing kéné. Curug utawa air terjun kang paling dhuwur kurang luwih 80 mètér. Ana uga curug kang ora rada dhuwur ananging pancurané amba lan ana cabang-cabangé. Yèn lagi wayah udan, ing sakupengé tebing bakal ana udan air terjun. Ananging nalika musim panas, akéh curug kang garing.
Alas Wisata Grojogan Sèwu ambané 20 Ha. Kawasan alas iki akéh urip tanduran utawa werna-werna wit, kang dianggo omah kethèk kang wis jinak. Akèh fasilitas saka hutan wisata iki yaiku Taman Binatang Hutan, kolam renang, papan panggonan kanggo istirahat, kios panganan, kios woh-wohan lan cinderamata, mushola lan kamar mandi. Grojogan Sèwu kalebu panggonan wisata kang suhuné adhem. Sadurungè tekan Grojogan Sèwu para wisatawan kudu munggah andha kang dadi dalan ing Grojogan Sèwu. Akèh jajanan kang bisa dadi olèh-olèh nalika piknik ing Grojogan Sèwu. Ing kono uga ana jaran kang pancèn diséwakaké kanggo para wisatawan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar