Ayo Sinau Basa Jawa

Selasa, 14 Januari 2014

cerkak

Cerita iki wis dumadi, kira-kira telung taun kepungkur. Jenengku Annisa, nalika aku isih lungguh ana ing kelas  siji SMA. Biyen aku sekolah ing SMA empat belas Semarang, sekolah kuwi biasane diceluk sekolah pinggir laut, ya pancen sekolahku kuwi cedhak laut marina Semarang. Nalika pembagian kelas, jenengku diundang supaya ngerti aku mlebu ana ing kelas ngendi, jebulane aku mlebu ana ing kelas sepuluh loro. Pas kuwi aku dhewekan, kanca-kancaku sing bareng karo aku SMPne padha beda kelase. Delalah aku lungguh ana ing ngarep dhewe, mlinguk kiwo tengenku karo mbatin, jan pancen ora ana sing tak kenal. Ana bocah wadon jenenge Aisyah lungguh jejeri aku,ngajak kenalan, bocahe manis, putih,jilbaban, nanging pendek.
Wis suwe kira-kira sak semester suwine aku dadi bocah kelas siji SMA, saya akrab aku karo aisyah anggone kekancan, ya saiki wis bisa di jenengi sahabat. Aku iya wis mulai naksir karo kanca sekelasku, jenenge sapto. Bocahe pinter, gedhi dhuwur, lan lucu. Emboh aku ya bingung kok aku bisa seneng mmarang dheweke. Tak perloke curhat karo aisyah, apa sing lagi tak rasake iki.
“ais, aku arep ngomong karo kowe, nanging kowe janji marang aku, aja sekali-kali kowe ngomong bab iki karo wong liya ya ?”
“iya nis, sak jane kowe arep ngomong apa marang aku?”
“nanging kowe aja ngguyu lho ya, ngene is, aku iki akhir-akhir iki sering mbayangke sapto, kayane aku seneng marang dheweke.”
“hahaha, bocah elek, kuprus kaya ngono kuwi mbok senengi ?, apane ta sing mbok bayangke? Wong ora ana apik-apike kok.”
Krungu jawabane aisyah kaya ngono, kok aku dadi piye ngono. Nanging ora tak pikir banget omongane aisyah kuwi, aku tetep seneng karo sapto. Ing sijine dina, tak wanike aku ngajak ngomong sapto, sanajan mung etok-etok takon masalah pelajaran, nanging aku jane tetep isin angger arep ngomong karo dheweke. Delalah kancaku sing jenenge adit, ngajak aku lan liyane nggarap tugas bareng, ana sapto barang, wah iki kayane kesempatan tenan kanggo aku. Ana ing omahe kancaku kuwi, aku lan liyane nggarap tugas bebarengan, anggere aku ora bisa mangsuli pitakonan, aku takon marang sapto, lan dheweke gelem ngajari aku kanthi sabar.
Saya suwe aku karo sapto wis saya akrab, kaya aku karo aisyah. Ing salah ijine dina, sapto curhat karo aku.
“nis, aku kepengin cerita karo kowe, nanging aja kaget ya.”
“cerita apa ta sap?” aku mangsuli.
“aku isin jane, aku iki seneng karo cah wedok ing kelase dhewe, aku cerita kaya ngene supaya kowe gelem nulungi aku, nyedakke aku karo cah wedok kuwi.”
“(degdegan, karo kuciwa). Oalah kuwi ta, emange sapa cah wedok sinig mbok senengi kuwi sap ?”
“wonge ora adoh kok saka kowe, malah cedhak banget. Ya aisyah nis,hehe”
Ngerti yen sapto jebulane seneng karo aisyah, rasane awakku iki entheng banget, kaya wong sing arep semaput, jantunge degdegan, rasane eluh iki arep netes, karo mbatin,
“gusti, jebulane rasane kaya ngene ya, ora dinyana yen wong sing tak taksir selama iki, malah senenge karo sahabatku dhewe, sanajan aisyah kuwi durung duwe rasa apa-apa karo sapto, ya bisa diomong malah ora seneng blas, nanging aku iki ora sanggup yen pancen sapto kudu seneng karo aisyah, ora sanggup gusti.”
Sanajan sapto kuwi ya kalebu sahabatku dhewe, nanging sekaligus ya wong sing tak tresnani, aku ora penak yen aku ora nulungi dheweke, aku ya ora gelem sapto ngerti yen aku iki jebulane nyimpen rasa tresna marang dheweke, aku wedi yen dheweke nesu lan ngadohi aku, aku ra gelem. Mending aku lara ati, ketimbang aku ditinggal wong sing tak tresnani, sanajan tresnane deknen pancen dudu kanggo aku.
Alon-alon anggonku nyedakake sapto karo aisyah, aku kudu sabar, lan nrima kasunyatan iki. Sanajan lara ati, nanging aku ora duwe pilihan maneh. Angger ana tugas kelompok, aku ngajak aisyah, supaya dheweke melu tumut. Saya suwe aisyah karo sapto saya cedhak, nanging aisyah ora crita marang aku, apa dheweke kuwi seneng karo sapto apa ora. Nganti tak wanike aku ngomong sing sak benere karo aisyah, nanging aku arep takon dhisik, piye rasane deknen cedhak karo sapto.
“jebulane sapto pinter tenan ya is, angger gawe tugas kelompok, dheweke gelem ngajari dhewe,”
“iya, nis bener omonganmu, aku ya dadi tambah mudeng nalika mangsuli pitakonan sing angel.”
“mudeng apa seneng, hayooo ?”
“Maksudmu apa to nis, kok ngomong kaya ngono ?”
“lho, emange awakmu ora seneng karo sapto ta is?”
“seneng kepiye ta?” aku jan ora mudeng sing mbok maksud.”
“ngene lho is, sak jane sapto kuwi seneng karo kowe, nanging dheweke isin arep ngomong karo kowe.”
“lhoh, kok bisa seneng karo aku?kudune kan karo kowe?” oraklah nis, aku ora seneng kok karo sapto.”
Saka wangsulane aisyah kuwi, aku nyimpulke yen aisyah pancen ora ana rasa apa-apamarang sapto, nanging aku ya ora wani ngomong sing sak benere karo sapto, wedi yen dheweke patah hati, tresnane durung bisa dibales karo aisyah. Aku tetep usaha nyedakake aisyah karo sapto, nganti aku ngomong karo sapto yen dheweke kudu nembak aisyah saiki, supaya aisyah ngandhel yen sapto pancen seneng karo dheweke.
Ing salah sijine dina, sapto wani nembak aisyah, nanging jebulane ora di tampa, sapto cerita karo aku, dheweke ing kelas ketok lesu, sedhih wajahe, ora semangat kaya biasane. Aku melu sedhih yen sapto kaya ngono. Ora tak takoni, aisyah cerita langsung yen dheweke ditembak karo sapto, nanging ora di tampa, alesane aisyah pancen dheweke durung duwe rasa apa-apa marang sapto, bejoku aisyah ora ngomong karo sapto yen aku seneng marang dheweke. Sanajan aisyah ora seneng karo sapto, nanging saya suwe dheweke krasa mesake, lan crita karo aku,
“sapto kok beda ya nis saiki ? apa gara-gara ora tak tampa dadi kaya ngono?”
“ya mungkin ta is, kowe uga bisa ndelok dhewe, piye tresnane sapto karo awakmu, nganti deknen kaya ngono saiki.”
“iya nis aku ngerti, aku ya mikir omongan-omonganmu slama iki, aku tak sinau ben aku uga bisa tresna marang dheweke, nanging ya ora saka paksaan.”
                        Ora suwe aisyah wis bisa buka atine kanggo sapto. Sithik-sithik aisyah wis bisa nrima yen sapto seneng marang dheweke. Aku ya wis mulai bisa nglalike sapto saka atiku iki, tresnaku marang sapto wis ora kaya biyen maneh, ya mungkin gara-gara iki. Akhire sapto karo aisyah wis pacaran, nanging ya tetep wae isih isin-isinan, kudu aku sing bisa nyedake. Nanging hubungane sapto karo aisyah ora suwe, mung telung wulan. Aku ora ngerti pasti apa sing gawe sapto karo aisyah putus hubungane. Jarene sapto aisyah isih kaya cah cilik, ora bisa serius.
                        Aku melu sedhih yen aisyah ya sedhih ngene, aku ora ngerti yen sahabatku ya akhire bisa tresna tenanan karo sapto, nanging malah sapto sing wis beda, wis ora ana rasa apa-apa maneh marang aisyah.
                        Akhire, unggah-unggahan kelas wis bar, wektune preinan, nanging aku ora seneng, amarga ora bisa ketemu kanca-kanca sekelas, lan urung temtu bisa sakelas maneh, amarga jurusane beda-beda. Nanging aku, sapto karo aisyah milih jurusan sing padha yaiku IPS. Suwene preinan kuwi rung minggu, ya kala-kala aku dolan wong loro karo sapto, kala-kala ya bareng karo liyane. Nganti ing salah sijine dina, ora dinyana, sapto ngungkapke tresnane marang aku,
                        “nis,emboh aku iki kok bisa seneng karo awakmu, sanajan awake dhewe iki mung dadi sahabat slama iki, nanging kowe sing mesthi ama kanggo aku, aku ngrasa salah, napa aku awit biyen ora nembak awakmu.”
                        “lhoh maksudte apa sap kowe ngomong kaya mangkono?”
                        “aku iki tresna marang sliramu nis, kowe aja salah paham dhisik, aku ngerti nis, kowe karo aisyah sahabatan, aku ya mantane aisyah, aku ngerti mesthi kowe ngrasa ora kepenak marang aisyah yen kowe pacaran karo aku.”





Lokasi Kota Semarang.png
                        Aku pancen ora mangsuli iya apa ora omongane sapto mau, aku prelu wektu, aku perlu mikir iki kabeh pantes apa ora, yen aku iki akhire pacaran karo sapto yen ngilingi aisyah kuwi sahabatku dhewe. Nanging aku kelingan yen aku sing pertama seneng karo sapto, nanging wektu kuwi tresnaku ora ketampa. Malah rasaku marang sapto kae balik maneh, aku tresna maneh karo dheweke, aku ora bisa nahan yen aku kudu nrima dheweke,
                        “iya sap, aku nrima awakmu dadi pacarku, nanging awakmu aja sekali-sekali kandha karo aisyah babagan iki, ben aku waw sing ngomong, nanging ya butuh wektu sing pas, supaya ora salah paham.”
                        “iya nis, maturnuwun awakmu gelem sesandhingan karo aku, aku janji bakal nuruti apa sing dadi panjalukmu kuwi.”
                        Aku pancen ora bisa suwi-suwi nyimpen iki kabeh saka aisyah. Meneng- meneng, ora sak pangertine sapto, aku ngomong karo aisyah yen aku karo sapto pancen wis pacaran. Maune aisyah biasa wae, dheweke ora nesu ora apa,mung nylameti wae. Nanging sapto menehi aku ngerti yen aisyah sms dheweke kaya ngene,
                        “kowe kok tegel men karo aku sap?aku wis ngerti saiki, brati slama iki kowe pacaran karo aku mung kanggo nutupi tresnamu marang annisa, iya ta?”
                        “ora kaya ngono kuwi is maksudte, aku tresna tenan marang annisa, aku ora dolanan, aku bakal buktike yen aku bisa serius marang dheweke, lan hubunganku iki bisa suwe nganti mengko arep munggah ana ing jenjang rumah tangga.
                        Ya muga-muga apa sing diomongke sapto kuwi bener, muga-muga hubunganku iki karo sapto bakal sateruse, amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar