Ayo Sinau Basa Jawa

Selasa, 14 Januari 2014

Dolanan tradisional bocah Jawa



Dolanan tradisional bocah Jawa

Dolanan tradisional bocah Jawa kala rumiyin kathah sanget jenisipun, ananging generasi mudha  samenika sampun kathah ingkang sami kesupen utawi sampun mboten mangertos amargi perkembangan jaman ingkang sansaya majeng. Kamangka budaya-budaya Jawi ingkang kathah saha adi luhung punika kedhah kita lestarekaken

Dolanan khas bocah-bocah Jawa menika antawisipun :
  • Lithungan (Istilahipun wonten basa Indonesia petak umpet)
  • Blodor, wonten daerah sanes kasebat gobak sodor
  • Jagoan
  • Sudhamandha, dolanan ngagem gacok(saking gendheng bata) lajeng bocah lompat beto gacok miyos kotak-kotak bujursangkar
  • Cublak-cublak suweng
  • Dakon
  • Lumpatan, ngagem tali ingkang didamel saking karet dipun rangkai, lajeng digoceki kalih bocah loro, bocah liyane nglumpati tali ingkang dhuwure wiwit sak dhengkul dugi sak dedegan
  • Uthat
  • Pasar-pasaran (ngagem godhong-godhongan lan kembang sekitar omah)
  • Gatheng utawa bekelan
  • Dolanan kecik, saking isi sawo
  • Thung-thung balung
  • Lan sak panunggalanipun
Mugi-mugi saged dados penggalihan kita sedaya, supados dolanan-dolanan bocah tradisional khas Jawi punika mboten sirna, paling mboten generasi sakmenika saget tepang lan mangertos bab kabudayan Jawi ingkang kathah sanget.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar