Ayo Sinau Basa Jawa

Selasa, 14 Januari 2014

apa kuwi blangkon?



{ BLANGKON }

Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatiné wujud modhèrn lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap.

Ing jaman modern iki blangkon anaing masyarakat Yogyakarta khususe gunungkidul wis mulai ilang saka pikiran masyarakat. Blangkon síng wis suwe dadi budaya warga jawa iki mulai kegiles karo topi-topi sing dadi trend ing kalangan muda-mudi.

Yen arep weroh jinis-jinis blangkon bisa di wacaing ngisor iki:

Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu, Jinis blangkon antara liya:

• Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès).
• Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
• Blangkon Kedhu.
• Blangkon Banyumas.
• Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.

Mondholan iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhipikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané.

Ing pikiranne para mudha jaman saiki, nganggo blangkon iku kaya ndadeke deweke tambah katrok, cupu, ketinggalan jaman lan sak liyan-liyane. Ananging yen awake dewe nganggo, iku wis melu nglestarekake budaya jawa. Dadi ora ana sing jenenge wong jawa ilang jawane.

Kenapa ora? Ning Daerah Istimewa Yogyakarta netapke dina blangkon saben minggune. Umpamane dina setu dadi dina blangkon, dadi saben dina setu bocah-bocah seklah padha nganggo blangkon saka SD, SMP, SMK, lan SMA. Dadine para pelajar ing kutha Yogyakarta duwe kekhasan karo kutha-kutha liyane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar