Ayo Sinau Basa Jawa

Sabtu, 07 Desember 2013

tembang macapat

Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a

Jumat, 06 Desember 2013

Essai Jawa


BBM Mundhak, Wong Cilik Berontak

Wektu- wektu iki Indonesia lagi rame-ramene gelut tumprap salah sawijining perkara. Ora liya yaiku perkara bahan bakar minyak kang asring disingkat BBM. Ora baen-baen, BBM kang dadi kebutuhan primere kendaraan bermotor kuwi gawe kisruhe Negara. Bab kuwi kawiwitan nalika pemerintah setuju tumprap mundhake rega BBM. Kanggo rakyat kang kagolong wong ora duwe, mudhake rega BBM diibaratke “nekek gulu” yaiu ungkapan kang dinggo nalika sawijining wong krasa abot banget tumprap sawijining perkara.
Pancen ora mung wektu iki, mbiyen rega BBM uga wis tau mundhak. Nanging mundhake BBM wektu iki dianggep sing paling nyengsarakke rakyat. Lha kok ora? Mundhake BBM mesthine nggawa dampak kang elek dening para rakyat. Mundhake BBM mesthi wae disusul dening mundhake barang-barang liyane, lan sing paling dirasakake yaiku bab mundhake rega sembako.
Ora bisa dielakne nalika sembako kuwi kebutuhan kang dibutuhake dening saben pawongan saben dinane. Sembako kuwi kabutuhan kang ora bisa diundur-undur anane, mangka sembako kuwi kagolong kabutuhan primer. Kanthi mundhake rega BBM, ibu-ibu kapeksa mikir kaping pindho kanggo ngubetna dhuwit blanja kanggo kacukupane kaluargane. Yen ora kaya mangkono mesthi dhuwit blanja kuwi ora bakal cukup ing wayahan kaya ngene. Ora mung kuwi, dampak mundhake BBM uga njalari kurange dhuwit tabungan para rakyat sing kagolong menengah ke bawah.
Sing luwih rinci maneh yaiku nalika rega BBM bisa nuwuhake efek lanjutan kanggo kebutuhan pokok sing wis sithik dibahas ana ing dhuwur. Sakliyane iku, masyarakat sing ora setuju tumprap mundhake rega BBM nganggep yen pemerintah langkung kesusu terbitake kebijakan mundhakna rega BBM. Pemerintah diaanggep keset lan namung golek dalan pintas kanggo nyelesekake  APBN. Tumindake pemerintah kanthi mundhakna rega BBM kuwi bakal nambahi perkara kemiskinan, uga bisa nuwuhake konflik sosial sing ana ing sajroning masyarakat, nambahi pengangguran lan bisa njalari mundhake rega-rega barang liya, biaya trasportasi, lan sing luwih parah yaiku bab inflasi.
Kanggo rakyat miskin, sing kagolong masyarakat ndesa, dheweke mesthi ora ngerti lan ora kepengen ngerti apa sing njalari mundhake rega BBM. Kanggo dheweke, rega BBM kang mundhak kuwi kagolong tumindake pemerintah sing ora pro marang wong cilik.
Ora sarujukke wong cilik bisa diamati saka apa sing wis kadadean ing wayah-wayah iki. Yaiku dhemo. Miturut pawarta kang diunggah dening blog Liputan6, akehe 10ewu buruh kang kegabung ana ing Majelis Pekerja Indonesia (MPBI), sing digawe bebarengan saka KSPI, KSPSI, KSBSI, LAN Federasi SP liyane tanggal 17 Juni 203 padha gawe aksi tolak mundhake rega BBM bersubsidi kanthi ngepung gedung DPR RI, sing bakal dinggo sidang paripurna DPR kanggo mbahas APBN-P-2013.
”Aksi uga kadadean ana ing kawasan industri Pulogadung lan kawasan industri liyane,” Presiden Konfederasi Serikat Buruh Sejahtera Indonesia (KSBSI), Mudhofir kayai dikutip saka keterangan tertulis, Senin (17/6/2013).
Seje karo golongan sing kontra marang mundhake rega BBM, uga ana pawongan sing pro utawa sarujuk tumprap mundhake rega BBM. Miturut golongan iki, tumindake pemerintah kanthi ngurangi subsidi marang BBM kuwi kagolong tumindak sing bener. Ana ing taun kepungkur, subsidi BBM saka pemerintah kuwi akeh banget lan akibate APBN Negara dadi nggembung.
Ora mung kuwi, subsidi BBM dianggep subsidi sing ora tepat sasaran. Pancen, yen miturut kadadean nyata ing masyarakat subsidi BBM sing dikhususna kanggo masyarakat kurang mampu, uga malah melu dirasakake dening masyarakat menengah atas. Akeh para masyarakat kang anduweni mobil-mobil mewah melu ngisi bahan bakar jenis premium. Dene premium kuwi kagolong jenis bahan bakar kang disubsidi. Pemerintah uga wis menghimbau marang masyarakat kang nganggo mobil mewah supaya ngisi bahan bakar jenis pertamax, nanging pancen mayarakate sing bandhel utawa sanksi sing ora tegas marang pelakune, ndadekake himbauan kuwi kadya “angin lalu”.
Yen wis kaya mangkono saiki akibate wis dirasakake dhewe. Sing paling nggegiris ing ati yaiku rakyat-rakyat cilik uga melu ngrasakake akibate. Para rakyat cilik njerit amarga kadadean sing kaya mangkene.
Kanggo golongan sing pro marang mundhake BBM, bab iki dianggep solusi kanggo nyalametake APBN lan supaya subsidi BBM bisa digunakake kanggo subsidi liyane sing luwih dibutuhake dening wong-wong cilik. Kayata kanggo subsidi pendidikan, subsidi kesehatan, lan subsidi liyane kang luwih migunani. Dene pemerintah uga nyiptakake program kanggo subsidi marang rakyat miskin, yaiku wujud BLSM ( Bantuan Langsung Sementara Masyarakat).

Geguritan

RON GARING







Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Untuk membantu terjemahan geguritan di atas silakan ke http://kamusjawa.info
Pengarang : Budhi setyawan (http://www.budhisetyawan.wordpress.com)