Ayo Sinau Basa Jawa

Minggu, 08 Desember 2013

Essai Jawa


Kurikulum Kok Digawe Dolanan

            Pendidikan. Salah sijine tembung kang ora bisa owah saka pemerintahan. Ana ing sawijining pemerintahan, mesthi diisi dening wong-wong sing ora mung duweni akal lan pemikiran sing biasa. Nanging sawijining pemerintahan butuh wong-wong kang duweni inovasi-inovasi spektakuler kanggo majuake negarane. Dene, wong-wong kuwi ora mungkin ujug-ujug pinter. Dheweke mesthi pinter amarga ntuk pendidikan, ora mung pendidikan formal nanging uga pendidikan informal.
 Ora mung kuwi. Pendidikan kuwi gedhe pengaruhe tumprap pola pikire sawijining wong. Umume, luwih dhuwur pendidikan, wong kuwi kudune luwih pinter wektu dheweke diadhepake karo masalah. Wong kang pendidikane luwih dhuwur uga kudune duweni unggah-ungguh kang luwih apik tinimbang wong liyane.
Ing Indonesia, perkara pendidikan kuwi perkara kang kompleks. Saka taun ning taun sabanjure, ana wae perkara kang kudu diadhepi dening pemerintah. Wiwit pendidikan dhasar tumuju pendidikan kang ana ing perguruan tinggi. Tuladhane wae perkara ujian nasional ing taun 2013 wingi. Ujian nasional SMA diundur amarga distribusi soal kang orak-arikan. Semana uga ujian nasional ing SMP. Ana ngendi kaseriusan pemerintah kok iso kaya mengkono?
Saliyane kuwi, ana meneh perkara kang diadhepi dening pemerintah Indonesia, yakuwi susahe pendidikan tumprap bocah-bocah ing pedalaman. Wis katon nyata yen ana ketimpangan ngenani pendidikan ing kota lan ing pedalaman. Salah siji ketimpangan kuwi bab tenaga pengajar utawa guru. Yen diibaratke guru ing kota nganti mutah-mutah, dene guru ing pedalaman mung setetes. Ironis.
Perkara pendidikan kang lagi anget-angete diombal ambil saiki yakuwi babagan kurikulum. Ana ing kurikulum 2013, mata pelajaran daerah dihapus. Salah sijine yakuwi basa jawa. Cara aluse basa jawa dilebokake ing mata pelajaran seni budaya. Kurikulum kaya apa ngeniki? Jare Indonesia iki bangsa kang ngajeni kabudayane. Nanging kok malah ngilangke pelajaran bab budaya ana ing sekolah-sekolah. Lha terus piye carane ngenalke kabudayan tumprap generasi mudha, yen pelajarane wae dihapus. Ora salah yen disebut pemerintah saiki nganggep dolanan bab kurikulum. Saiki dihapus, sesok diwajibna, sesoke dihapus meneh, terus diwajibna meneh.
Mung panjaluke, mbok ya pemerintah khususe bapak Menteri Pendidikan, dipikir meneh tumprap ngilangake mata pelajaran daerah. Yen ora dikenalke saka pendidikan ing sekolah, terus ana ngendi generasi mudha ngerti bab budaya. Yen ora kita dhewe, sapa kang bakal nguri-nguri kaabudayane dhewe. Mung pengenget, aja nganti kabudayan Indonesia diakoni maneh dening bangsa liya kaya sing wis-wis.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar