Ayo Sinau Basa Jawa

Selasa, 10 Desember 2013

cerkak orak bisa dipisah

Cerkak : ORAK BISO DIPISAH


Ing jaman mbiyen urip seneng nemen, dolanan, guyonan, mesti cah 4, rono rene bareng. Dolanan layangan ning sawah, ados neng kali, nganti orak kelingan bali, ngenteni sore aku karo kanca-kancaku bali. Pokok’e seneng neni aku nek kelingan jaman mbiyen,  kaya cah 4 kuwi mau wes dadi sedulure. Tapi sa’iki aku karo kanca-kancaku wes pisah. Sa’iki onone pasrah kapan aku iso kumpul maneh karo koncoku.
Ngono kae kiro-kiro jamane aku cilik karo konco-koncoku, seko umur sepuluh tahun aku lan konco-konco pisah, lan masing-masing ngluru ilmu bade mewujudke cita-cita, tapi sa’iki wes rak ono kabar. Tapi seneng nemen nek iso aku iso temu karo konco-koncoku kae. Tapi aku rak ngerti nasibpe, mboh koncoku loro opo wes orak ono/meninggal, tapi mugo-mugo Allah ngasih keslametan kalian konco-koncoku.
Sa’iki aku wes umur 40 tahun, umur sing wes akeh duso, tapi aku rak ngerti piye selanjute uripku neng ndunyo iki, tapi mugo-mugo amal ibadahku lan kebaikane aku ditrimo Allah SWT.
Pas aku pisah kalian konco-koncoku, orak ono kata seng tak ucapke kalian konco-koncoku, maklum jaman cilik orak ono seng njalok alamat omah nomor HP, opo maneh sa’iki aku wes pindah omah neng sumatra. Tambah tipis aku pengen ketemu karo konco-koncoku. Sak orak’e cah 1 wae ketemu karo aku ngene, atiku seneng mesti opo maneh iso ketemu kabeh karo konco-koncoku, aku mesti orak iso ngomong opo-opo, aku mesti nangis, marak’I saking senenge atiku. Mungkin iki kabeh tanda nek ono pertemuan pasti ono perpisahan. Tapi aku mikir, paling kabeh iki rencana Allah SWT. Tapi mugo-mugo ono hikmae ngge aku.
Bali neng jaman mbiyen pas koncoku  Jafar ngomong. Tapi sayange nek ngomong pedot-pedot, yo paleng de’e keselen, marak’I aku lan konco-koncoku bal-balan neng kebon jagung. He . . . . .
Mandek sek ah . . . aku kesel kie!! Ipan ngomong karo minggir seko lapangan. Terus aku karo konco-koncoku langsung podo mandek. Ha . . . ha . . . ha . . . ! ! rame nemen raw? Tono ngomong karo njigok neng pinggir lapangan. Ia ya . . . aku njawab.
Tp nek pancen gek rame ngopo mandek nek bal-balan? Jafar nek ngomong. Tono njawab, ngene Far . . . pancen rame nek bal-balan, tapi iki wes sore nemen, luwih apik dewe lume wae, mengko nek diseneni wong tuo ne dewe pie jal, orak lali aku mbarang ngesok lungo neng sulawesi, ngomonge Tono.
Haa . . . lha ,,, kok!! Aku kaget karo omongane Tono.
Terus aku takon karo Tono. Seng bener To, kok ndadak nemen sih?
H’mb bener, jawabe Tono.
Emang awakmu pak opo neng sulawesi  mbarang? Aku takon maneh.
Jare Bapak lan Ibuku jarene sih meh nggarap sawah seng neng kono, jawabe Tono.
Berarti nek koe bali rene wes mabh-mbah raw. Lpan anut-anut nggonjak’i, tapi Tono ono ne nyengir tok, malihe konco-koncoku anut ngguyu kabeh. Pas kui aku lan konco-koncoku orak ono perasaan opo-opo, ngertine Tono pak lungo sedelok tok’e, padale keluargane Tono arep ngadu nasib neng kono.
Terus Jafar, ngomong-ngomong nek pancen koncone dewe Tono ngesok meh lungo neng sulawesi, opo engko mbengi dewe turu neng omahe Tono, sak durunge gilirane neng omahku, piye setuju orak?
OK . . . . setuju . . . ! ! ! jawabe konco-koncoku bareng. Nek ngono sa’iki dewe bali yuuk, wes sore kie!
Kat Jafar karo mlaku ndesek.
Terus aku lan konco-koncoku bali neng omahe dewe-dewe kalian kaliyan ngomong kaleh wong tuane dewe, nek Tono sesok arep lungo neng sulawesai.
Ing dino ngarepe, Tono sido lungo neng sulawesi. Tapi aku lan konco-koncoku isi sempet guyonan karo Tono sewulan maneh, aku pisah maneh karo Jafar, de’e arep bali neng madura tempat tinggale nenek moyange, orak nyampe liman wulan, Ipan mbarang meh lungo neng riyau, marak’i bapake dipindah tugas ke.
Ya pas kui aku ngroso kesepian, aku ngroso sedih nemen nganti aku kadang nangis neng pelukune ibu ku, koyone uripku iki sebatang kara ditinggal ke konco-koncoku. Aku pancen orak nduwe mas lan orak nduwe adek, lan sedulur-sedulur ku soko bapak lan ibu adoh seko kampung, aku paling nek rono setahun pisan, paling pas lebaran.
Terus akhire aku pindah neng sumatra, marak’i ben cedak karo sedulur-sedulure ibu. Aku malah krungu-krungu konco-koncoku ora do pak mule. Yo wes aku tambah pasrah, ono ne ndungo wae mugo-mugo aku bisa ketemu maneh.
Taun pertaun aku lakoni urepku, orak kroso aku wes tuwo lan aku wes nduwe bojo. Alhamdulillah, aku wes diparingi lare kaliyan Allah SWT.
Tepate dino minggu aku mlaku-malku dewe, orak sengojo ono pertandingan bal, tapi Cuma pertandingan persahabatan. Sak wise aku solat ashar aku langsung mangkat numpak motor, arep nonton pertandingan bal mau.
Sak wise aku entok pamnggonan, aku langsung nontor pertandingan bal mau kae, aku asline seneng bal-balan awet cilik, tapi sa’iki wes pensiun teras nduwe bojo, aku sa’iki cuman iso nonton tok, marak’i umur ku wes tuo.
Pertandingane rame nemen, tapi aku pengen ngrokok, tapi aku lali orak gowo korek, tapi ora adoh seko aku ono wong ngrokok.
Assalamu’alaikum ? aku nyapa
Wa’alaikumsalam, jawabe.
Maaf pak, kula badhe ngampel korek’e wonten?
Aku tekok.
Oh … Enggeh niki !! kalian nggrogoh sak arep njokoke korek ..niki korek’e pak ….
Oh … maturnuwun pak, jawab aku, kalian njegok neng sampinge.
Bapak seneng nonton bal ya ? tekonku.
Yo seneng, mangkane aku nonton, jawabe
Kalian nonton bal, marak’i pertandingane tambah rame.
Nek maine? Aku tekok maneh.
Yaa .. senengsi. Tapi kuwi mbiyen, sak wise aku nikah aku liren, marak’i wes mikirke kebutuhan, nek njenengan?
Wong mau belk tekok. Sami pak … kulo yo mandeg sak wise nikah.
Oh …. Yo …? Ngomong-ngomong, namine njenengan sinten?
Nami kula bejo asli wong jowo, tapi kiro-kiro umurku sepuluh tahun aku digowo pindah tugas kaliyan wong tuo ku neng riau.
Bapak ku pas niku anggota TNI, namine kula Ipan.
Hah …. !!! Ipan? Jawabku, Karo kaged.
Kelingan koncoku marak’i jenenge podo Ipan lan podo lungo neng riau.
Emange kenopo … ? de’e balek tekok.
Ah rak popo kok, cuman kelingan kaliyan koncoku, marak’i jenenge podo.
O .. .. ngono.
Akhire aku lan Ipan mau ke enakan ngdongeng nganti orak konsen neng pertandingan bal mau. Seng aku ceritake yao’iku masa-masa jaman alikku seng nyenengke lan ngguyuk’e.
Aku ngroso seneng awet ngrungu ceritone de’e, marak’i mirip keliyan jaman alikku. Cerita seng tak ceritake karo de’e podo plek, karo ceritane de’e neng aku.
Wah …. Bener iki bejo !!! karo wajah seneng.
Iyo … !!! jawabe aku singkat, akhire aku kaliyan Ipan saling pandeng-pandengan kaliyan perasaan ndredeg lan seneng. Jebule bener nek de’e kui Ipan koncoku sing mbiyen ciliik bareng aku terus.
Alhamdulillah …. Aku seneng nemen biso ketemu karo awakmu maneh pan. Kowe bener ipan si ?
H’mp bener aku Ipan. Karo wajah seneng.
Ya Allah .. .. syukur neni dewe iso ketemu maneh.
Ya pas kui aku biso ketemu karo koncoku, yoiku Ipan. Aku ngeroso konco wes orak bakal biso ketemu maneh karo aku.terus aku dijek mangan neng lestoran karo Ipan.
Awet katemu IPan aku sinau karo ipan ben biso urep mandiri marak’i Ipan uripe wes mujur/sugeh, dibandingke aku, koyo langit karo bumi adoh jarak e.
Terus aku dijek neng hotel kalian Ipan, sak wise tekan hotel. Ipan ngundang pelayane hotel, terus aku kon pesen, terus aku lan Ipan menikmati panganan neng hotel mau.
Pie panganane, enak rak ? Ipan tekok.
Alhamdulillah, marak’i menurut aku kabeh rezeki halal halal seng diparingi Allah akeh opo sitik iku mesti disyukuri, dadi enak orak’e panganan kuwi seko wong seng bisa mensyukuri rezeki seko Allah SWT.
H’mp betul nemen, malah akeh wong sing wes dikak’i nikmat mesti ora puas, contone wae seko panganan.
Umpamane wong mangan wes entek, terus wetenge wareg marak’i entek akeh. Tapi kenopo akhire ono seng ngomong : Aduh ! wetengku wareg, tapi kok kurang enak wie?
Cubo nek nganggo anu . . . lan liyo-liyone. Lho . . . !
Panganan wes entek malah ngomonge ngono, bukane bersyukur wes dikak’i rezeki seng wes diparingi Allah, jare Ipan.
H’mp bener !! kuwi sebagian wong seng rakus karo orak ngerti isin.
Emang bener . . . ! ! jare ipan mantuk-mantuk
Aku arep cerita karo awakmu tentang uripku, seko aku nikah tekan sa’iki, mugo-mugo gede hikmahe seng ngrungokke lan khususe sing nglakoni.
Iyo cubo . . . piye ceritane, atiku langsung mroso tertarik lan pengen ngerti mulanya biso dadi wong sugeh, iyo sugeh hati lan sugeh duwet.
Yo wes nek ngono ! sak wise  aku lulus SMA, aku orak biso neruske kuliah marak’i aku orak minat mboh kuwi wong tuwoku ngongkon, mboh aku rak kuliah puk’oh, aku berusaha ben biso madiri yoiku sinau dewe yaiku akeh-akeh moco buku. Apa iku buku umum, buku agama, buku ketrampilan lan liya-liyane. Pokok’e buku kabeh biso, seng penting bisa ndadek’e ilmu seng berguna, aku maca tekun lan coba dipraktekke, supaya berhasil.
Yah . . . ! selaine maca buku aku mbarang terus ngrungokke lan tekok kalian wong-wong seng wes pengalaman neng bidange. Tapi seng aku minati lan seng paling gampang yaiku dagang. Contone dagang lukisan opo dagang panganan. Tapi langsung tak praktekke, tapi hasile sih cukup lumayan.
Orak tekan lima tahun aku urip mandiri, akhire aku nikah karo cah wedok seng umure luwih enom 2 tahun seko aku tapi sayange aku orak suwe karo bojoku.
Maaf. .! emange kenopo?
Tembene ngene. Sak wise nikah dewe urip rukun damai, saleng nrimo opo anane. Cuman sakwulan suwene aku ditinggal neng umae mertua, dewe ngontrak neng omah sederhana, marak’i pengen urip mandiri.
Ee .. ngontrake neng endi? Aku tekok.
Neng lembang, Bandung, tapi orak adoh seko omahe mertua, marak’i bojoku durung siap dijak usaha neng riau. Terus aku terpaksa aku kudu pindah usaha maneh neng daerah liyo, tapi Alhamdulillah seko dagang panganan, aku pindah dagang barang kerajinan tapi agak pas-pasan, cobo nguntrak kios sekalian adol klambi dadi lan bahan .
Sakwise setahun, dagangae aku laris lan biso ngetokke duet. Lan keluargaku seneng, opo seng diimpikke terwujud. Tapi saiki wes berubah.
Berubah piye?
Berubah, marak’i aku wes tergoda wanito liyo.
Ah .. .. !! seng bener ? aku kaget.
Iyo .. ! Makane, aku pesen karo aopo wae, sadar lan ingat terus Allah SWT yang maha memberi ben dewe biso selamet dunia lan akhirat.
H’em bener pan ….
Saiki dewe njaluk tuntunan ustad wae .. piye setuju rax?
H’em. Aku setuju jo.
Sakwise aku lan Ipan ndongeng terus. Aku lan Ipan langsung neng omahe ustad. Rencanane arep neng umahe pak ustad sesok. Terus aku bali lan ipan.
Dino sesuke, aku neng omahe Ipan
Pan, pie. Sido rax  pak neng pak ustad ?
H’em sek, aku pan ganti klambi. Jabe Ipan
Ayo raw…
Aku lan Ipan neng omahe pak ustad langsung.
Assalamualaikum, aku ketok lawang.
Waalaikumsalam, jawabe pak ustad.
Ma’af pak usdad nek ngganggu. Kata Ipan
Ora popo kok. Wonten nopo pak, jawabe pak ustad.
Ngeten pak kulo badhe nyuwun tuntunan sangking pak ustad, ben uripe kulo mboten salah jalan.
Ow …….. ngono … …. Nggeh. Monggo mlebet pak.
Nggeh matur nuwun pak ustad. Pak ustad namine sinten. Aku tekok.
Pak ustad jawab. Kula namine Jafar….
Ipan kaget ngrungu jenenge Jafar.
Kenopo kok kayane kaget. Oyak pak, kok namine panjenengan sami kalian rencange kulo pas jaman cilik’e kulo, jawabe Ipan.
Emange jenengan sinten namine, tanya pak ustad.
Kulo Ipan lan kulo Bejo … njawabe cah loro bareng.
Ow …. Awakmu Ipan lan Bejo…..! karo wajahe seneng .
H’em pak …… njawabe cah loro barang.
Orak nyongko dewe biso ketemu teman. Aku Jafar ..!
Seng bener. Ipan karo wajahe kaget.
H’em …. Jawabe Jafar.
Terus aku, Jafar lan Ipan langsung rangkul-rangkulan orak nyongko biso ketemu.
Oya teman, tapi ono kabar sedih.
Karo wajahe Jafar ndingkluk.
Sedih kenopo Far. Aku takon.
Koncone dewe. Tono wes orak nono, karo nanges Jafar.
Seng bener Far, kowe orak ngapusi sih, aku kaget.
Ngopo aku ngapusi. Jawabe Jafar.
Aku, Jafar lan Ipan nangis bareng marak’i koncone seng siji wes orak biso kumpul bareng yoiku Tono.
Terus kabeh mau wes berlalu. Aku lan koncoku loro mau onone wes pasrah karo seng kuwoso mugo-mugo Tono dosane beso dilebur kabeh lan amal baike Tono biso ditrimo ing sisihe.
Terus aku lan koncoku mau wes kumpul, tapi koncoku seng siji yoiku Tono orak biso melu kumpul, amargo wes melu seng kuwoso yaiku Allah SWT. Saiki aku lan koncoku mau kuwi wes dadi sedulurlan uripe saling berbagi/tulung tinulung. Mboh dewe orak iso bareng-bareng maneh tapi dewe cah telu tetep gek sayang karo awakmu kok Ton.
Met jalan temanku semoga kamu diterima disisih-Nya. Amin…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar